Adigang adigung adiguna ing paribasan iku tegese adigang yaiku ngendel endelake

Adigang adigung adiguna kui paribasan Jowo sing nggambarno wong sing ngendel-endelake kaluwihane, adigang tegese ngendel-endelake kekuwatane utowo panguwasane.

Adigang

Paribasan adigang adigung adiguna kui gelek tenan krungu eng plajaran boso Jowo. Tembong adigang ndue teges ngendel-endelake kekuwatan utowo drajat panguwasane dwe. Wong sing due tabiat adigang kui rumongso kuwat mbek kuwasa, mulone tumindake sawenang-wenang marang liane. Dheweke ora ngajeni wong liyo mergone rumongso drajate luweh duwor timbangane wong sakiwa-tengene.

Adigung

Tembong adigung ndue teges ngendel-endelake kaluhuran utowo generasie. Wong sing due tabiat adigung kui rumongso nek dheweke generasi wong winulyo, mulone ngeroso luweh unggul timbangane liane. Dheweke gelek nggunggung-nggunggung asal-usule ben dianggep winulyo deneng wong liyo. Tumindak sing koyo mengkono kui mesti gae sengite wong sakiwa-tengene.

Adiguna

Tembong adiguna ndue teges ngendel-endelake kapinteran utowo kawruhe. Wong sing due tabiat adiguna kui rumongso paleng puinter mbek paleng ngerteni babakan samubarang. Dheweke ora glm nompo pamrayogane wong liyo mergone rumongso nek dheweke ws ngerteni kbeh. Wong sing koyo mengkono kui adate angel dikandhani mbek gelek tumindak minurot karepe dwe.

Plajaran soko Paribasan Iki

Paribasan adigang adigung adiguna kui ngemot plajaran ben menungso ojo due tabiat gumede mbek sumugih. Kaluwihan sing diduweni kui kudune kanggo nulung mbek mbantu liane, dudu kanggo nyombongake awake dwe. Wong sing wicaksono kui mesti andap asor sanajan ndue kaluwihan sing akeh.

Gary Vanatulardi

E-commerce owner. Penjual mainan. Fokus membuat konten edukasi. Menjawab soal-soal sekolah terutama bahasa jawa.