Apa Bae Perangan-Perangan Omah Kuwi?

Perangan-perangan omah kuwi antarane yaiku payon (atap), gendheng, blandar, usuk, cagak utawa saka, tembok utawa gedheg, jogan utawa jrambah, lawang, jendhela, lan teras utawa emper. Saben perangan nduweni fungsi dhewe-dhewe kanggo nyangga lan njangkepi wangunan omah supaya bisa digunakake kanthi kepenak.

Omah yok iku bangunan sg digunakno gae enggon panggonan menungso ndek saben dinone. Saben omah ndue perangan-perangan utowo bagian-bagian sg ndue kanggone dhewe-dhewe. Perangan omah iki wigati tenan gae mangerteni susunan karo toto area sajroning omah, mligine omah tradhisional Jowo sg ndue cirine unik dwe.

Perangan-Perangan Omah

Perangan omah sg penting antorone yok iku payon utowo atap, yok iku perangan omah sg onk ndek sisih ndhuwur dwe sg gunone gae nutupi omah soko udan karo panas. Payon omah Jowo ndue aneko werno wujud koyoto limasan, joglo, kampung, karo panggang pe.

  • Gendheng yok iku perangan sg terpasang ndek payon gae nutupi omah. Gendheng biasane digae soko bumi lempung sg dicithak tros diobong sampek atos.
  • Blandar karo usuk yok iku perangan omah sg dadi rangkane payon. Blandar minongko kayu sg terpasang mlumah ndek ndhuwure cagak, dene usuk yok iku kayu sg terpasang miring soko blandar sampek pucuke payon.
  • Cagak utowo soko yok iku perangan omah sg ngadek jejeg gae nyonggo blandar karo payon. Ndek omah joglo, cagak utama diarani soko guru sg cacahe onk papat.
  • Tembok utowo gedheg yok iku perangan omah sg dadi tutupan ndek sisih kiwa karo tengen omah. Tembok iso digae soko bata, watu, utowo gedheg pring.
  • Jogan utowo jrambah yok iku perangan omah sg onk ndek sisih ngisor gae enggon melaku karo lungguhan. Jogan iso digae soko bumi, plester, utowo keramik.
  • Lawang yok iku perangan omah sg dadi dalan mlebu metune wong. Lawang biasane terpasang ndek tembok ngarep omah.
  • Jendhela yok iku perangan omah sg gunone gae dalan mlebune howo karo cahyo srengenge ng njero omah ben omah kroso segar karo padhang.
  • Teras utowo emperan yok iku perangan omah sg onk ndek ngarep omah tanpo tembok. Teras biasane digunakno gae enggon lungguhan karo nompo tamu.

Tradhisional Jowo

Ndek omah tradhisional Jowo, onk perangan sg mligi karo ogak ditemokno ndek omah moderen. Perangan kuimeng antorone yok iku pendapa, yok iku area ngarep sg amba tanpo tembok gae nompo tamu karo nganakake acara. Ndalem yok iku area khusus ndek sisih mburi pendapa sg digunakno gae enggon keluorgo. Senthong yok iku kamar-kamar sg onk ndek njero ndalem, biasane kaperang dadi senthong tengen, senthong tengah, karo senthong kiwa. Senthong tengah yo diarani krobongan utowo pasren sg dianggep minongko enggon sg suci.

Gandhok yok iku area tambahan sg onk ndek sisih kiwa utowo tengen ndalem. Gandhok biasane digunakno gae pawon utowo enggon masak karo enggon nyimpen barang. Dene pawon yok iku perangan omah sg digunakno gae enggon olah-olah utowo masak saben dinone.

Steve Gal

Penulis sejak 2012. Konten kreator. Social media influencer. Entrepreneur. Saya mencintai bahasa daerah. Saya memiliki visi melestarikan basa jawa. Sejak kecil saya suka wayang kulit dan kesenian ludruk.