bahasa jawa

Tulisna Loro Bae Tuladhane Irah-irahan Teks Deskripsi!

Conto Irah-irahan Text Deskripsi

  1. Kahanan Pasar Tradisional nang Wayah Isuk

Irah-irahan iki nggambarno swasono pasar tradisionil naliko isuk. Text deskripsi kanti irah-irahan iki isine nyritakno kahanan pasar seng rame, bakul-bakul seng noto dagangane, wong-wong seng podo tuku butuan, sarta aneko werno suoro mbek gondho seng onk ndok pasar. Objek seng diilustrasiake yhoiku enggon utowo panggonan seng cedak karo panguripan saben dino, mulone gampang dingerteni deneng sopo ae.

  1. Gunong Merapi Naliko Sore Surup

Irah-irahan iki nggambarno kaendahane Gunong Merapi naliko wektu surup. Text deskripsi kanti irah-irahan iki isine nyritakno wujude gunong seng gagah, werno langit seng endah naliko srengenge angslup, lereng gunong seng ijo royo-royo, sarta swasono tentrem ndok sakiwa-tengene gunong. Objek seng diilustrasiake yhoiku panorama alam seng biso dideleng mbek dirasakno langsung, mulone text iki klebu text deskripsi babakan panggonan utowo alam.

Conto 1: Kahanan Pasar Tradisional nang Wayah Isuk

Swasono Sakiwa-tengene Pasar

Pasar tradisionil ndok wayah isuk ndue swasono seng endah mbek kebak panguripan. Naliko srengenge durong mlethek kanti sampurna, kahanan ndok sakiwa-tengene pasar wes rame tenan. Langit isek ketok peteng-peteng abang, nangeng poro bakol wes podo teko mbek noto dagangane ndok enggon siji-sijine. Sworo e manuk-manuk seng pating cruwet ndok wit-witan sacedhake pasar nambahi endahe swasono isuk seng segar mbek asri. Udoro adhem isek kroso tumempuh ndok kulit, mligine gae poro bakol seng wes bdal soko omahe wiwet jam papat isuk.

Dalan tumuju pasar wes kebak wong seng melaku sikil utowo numpak pit. Onk yo seng numpak becak utowo motor kanti nggowo tas mbek wadhah gede gae tuku butuan saben dinane. Lampulampu ndok tepi dalan isek murub samar-samar, nguwehi cahyo kuneng seng nambahi endahe swasono isuk. Wit-witan gede ndok sakiwa-tengene dalan ketok ijem royo-royo, godhonge isek teles kenek bun isuk seng tumetes alon2.

Kahanan ndok Njero Pasar

Naliko mlebu ndok njero pasar, swasono rame tenan kroso cetho. Sworo e wong-wong seng podo tawar-tinawar krungu soko aneko werno arah. Poro bakol podo nguwuh-uwuh nawakake dagangane kanti semangat. Onk bakol sayur seng noto dagangane kanti rapi ndok meja kayu seng wes lawas. Sayur-mayur seng didagangake ketok segar tenan, misale bayem seng ijo royo-royo, wortel seng abang semu kuneng, mbek kacang panjang seng isek onk embune. Kbeh sayur-mayur meng mentas dipethik soko kebon dhewe-dhewe, mulone isek segar mbek endah dipandeng.

Ndok sisih liyane, onk bakol bumbon seng noto dagangane kanti aneko werno warna mbek gondho seng sedep. Brambang abang ditumpuk rapi, bawang putih diwadhahi ndok tampah gede, mbek lombok abang seng ketok mencorong abange ngresepake pandulu. Gondho soko bumbon-bumbon kuimeng campur dadi siji ngebaki swasono pasar, njalari sopo ae seng gawe mesti noleh mbek kepengin tuku. Kunir, laos, jahe, mbek kencur yo ditoto rapi ndok sandhinge, kbeh isek ketok segar mergone durong suwe anggone dijupuk soko bumi.

Ndok tengahe pasar, onk sisi seng mligi gae bakol panganan mateng. Sego kucing, sego pecel, sego gudeg, mbek aneko werno jajan pasar ditoto endah ndok etalase utowo tampah. Ambune sego seng lagi mateng campur karo ambune sambel seng pedhes nambahi endahe swasono pasar isuk. Wedang jahe seng panas isek ngepulake kukuse, nawakake roso anget gae sopo ae seng kepengin mangan isuk ndok pasar. Poro wong seng tuku panganan podo longgoh ndok bangku-bangku dowo sinambi ngomong karo tetonggo teparone.

Wong-wong seng onk ndok Pasar

Poro wong seng onk ndok pasar ndue cirine ciri khas dhewe-dhewe. Onk ibu-ibu seng nganggo daster kanti nggowo tas blonjo werno werni, melaku alon2 sinambi milih sayur kanti tliti. Onk yo bapak-bapak seng nggowo kranjang gede, tuku beras mbek gula gae butuan warunge. Bocah” cilek yo melu ibune ng pasar, mripate podo bingar nyawang jajan seng aneko werno rupane.

Poro bakol yo ndue cirine ciri khas dhewe-dhewe. Onk mbok bakol seng wes tuo, praupane kerutan nangeng isek mesem ramah marang saben wong seng tuku. Tangane seng wes kisut trengginas anggone nimbang sayur mbek mbungkus dagangane nganggo koran lawas utowo godong jati. Onk yo bakol nom seng semangat nawakake dagangane kanti suoro seng sora mbek grapyak. Saben bakol ndue langganan dhewe-dhewe seng wes apal siji mbek sijine, mulone swasono pasar ora mok rame nangeng yo kebak roso kekerabatan.

Gondho mbek Suoro ndok Pasar

Gondho seng onk ndok pasar tradisionil ancene aneko werno tenan. Gondho iwak segar soko bakol iwak campur karo gondho bumbon seng harum soko bakol bumbon. Gondho sate seng lagi dibakar ngebaki swasono ndok sudut pasar, njalari weteng kroso lesu. Gondho kembang soko bakol kembang seng noto dagangane ndok ngarep pasar nambahi endahe swasono kanti aroma seng arum. Kbeh gondho kuimeng campur dadi siji, nggae pasar tradisionil ndue cirine ciri khas seng ora biso ditemokno ndok enggon liyane.

Sworo e pasar yo aneko werno. Onk sworo e bakol seng nguwuh-uwuh nawakake dagangane, sworo e wong seng lagi tawar-tinawar, sworo e pisau seng lagi dienggo ngrajang sayur, mbek sworo e banyu seng mili gae ngumbah iwak. Kbeh suoro kuimeng campur dadi siji nggae swasono seng rame nangeng ora gae risih. Malahan swara-swara kuimeng dadi tondo nek pasar tradisionil isek urep mbek tetep dadi sisi penteng soko panguripane wong-wong.

Conto 2: Gunong Merapi Naliko Sore Surup

Bentuk mbek Kahanane Gunong

Gunong Merapi ketok gagah ngadek ndok sisih lor kuto Yogyakarta. Naliko sore surup, gunong iki ketok endah tenan mergone cahyo srengenge seng arep angslup nguwehi werno jingga mbek abang marang langit ndok sakiwa-tengene puncake gunong. Wujude gunong seng duwor melambung ketok cetho tenan naliko langit resek tanpo mego. Puncake gunong seng lancip ketok ireng kontras karo langit seng kebak werno endah soko cahyo surup.

Lerenge gunong ketok ijo royo-royo ndok sisi ngisor, ketutupan wit-witan seng tuwuh subur. Nangeng soyo munggah ng puncak, wit-witan soyo sitek mbek digenti karo watu-watu gede mbek bumi seng gareng. Ndok sisi puncak, ketok kukus tipis seng metu soko kawah, minongko tondo nek gunong iki isek aktif mbek ndue kekuwatan gede ndok njero wetenge. Kukus kuimeng ketok putih semu biru, munggah alon2 ng langit mbek ilang dibawa angin.

Kahanan ndok Sikile Gunong

Ndok sikile gunong, onk desa-desa cilek seng endah tenan kahanane. Omah-omah warga ketok cilek soko kadohan, payone seng abang mbek coklat ketok nyebar ndok antarane kebon-kebon mbek sawah seng ijo. Dalan-dalan cilek seng berliku munggah ng lereng gunong ketok koyo ulo seng lagi menek. Kali-kali cilek seng iline bening tenan mili soko gunong ng ngisor, nguwehi banyu gae sawah-sawah mbek kebon-kebon ndok sikile gunong.

Sawah-sawah seng tinata undha-usuk ketok endah tenan dipandeng soko kadohan. Warnane ijo jelas mergone tnduran pari seng lagi tuwuh subur. Banyu seng nggeneng ndok sawah-sawah kuimeng memantulake cahyo srengenge surup, nggae sawah ketok koyo kaca seng gede tenan. Petani-petani seng lagi mulih soko sawah ketok melaku alon2 ndok galengan, nggowo pacol ndok pundhake, siluete ketok ireng kontras karo langit sore seng jingga.

Kewan mbek Tetuwuhan ndok Sakiwa-tengene

Aneko werno kewan urep ndok sakiwa-tengene Gunong Merapi. Manuk-manuk seng aneko werno rupane mabur soko wit siji ng wit liyane, sworo e seng merdu krungu sampek kadohan. Onk manuk jalak seng ireng mengkilat wulune, manuk kutilang seng sueneng ngoceh, mbek manuk pelatuk seng sworo e thok-thok-thok nyamber wit-witan gede. Kupu-kupu aneko werno yo ketok mabur ndok antarane kembang-kembang liar seng tuwuh ndok tepi dalan.

Tetuwuhan ndok sakiwa-tengene gunong yo aneko werno tenan. Wit-witan gede misale wit jati, wit mahoni, mbek wit pinus tuwuh subur ndok lereng gunong. Ndok ngisor wit-witan kuimeng, onk pakis-pakis mbek lumut seng tuwuh ngrembuyung, nutupi bumi mbek watu-watu kanti werno ijo seng segar. Kembang-kembang liar misale kembang edelweiss tuwuh ndok sisi duwor gunong, nambahi endahe panorama alam seng wes apek tenan. Gondho soko wit-witan mbek kembang-kembang kuimeng ngebaki udoro kanti aroma seng segar mbek ngresepake, nggae sopo ae seng onk ndok enggon kuimeng kroso tentrem mbek ayem.

Swasono Sore seng Tentrem

Naliko srengenge soyo mudhun ndok sisih kulon, cahyane soyo abang mbek peteng. Langit owah warnane soko jingga dadi abang tua tros dadi ungu samar-samar. Gunong Merapi ketok koyo siluet gede seng ireng ngadek gagah ndok ngarep langit seng kebak werno. Angin sore seng sumilir adhem nggowo udoro segar soko gunong, nggae swasono soyo tentrem mbek ayem. Sworo e jangkrik wiwet krungu, tondo nek petengbengi wes cedak. Lampulampu ndok desa-desa sikile gunong wiwet diurupake siji-siji, ketok koyo lintang-lintang cilek seng cumlorot ndok bumi. Swasono sore surup ndok Gunong Merapi ancene endah tenan mbek ora bakal biso dilalekake deneng sopo ae seng wes tahu nyekseni langsung.

Leo Perdana

Mahasiswa. Blogger. Penulis. Punya beberapa pengalaman mengajar les anak-anak.